Sabtu, 31 Maret 2018

BUSANA ADAT JAWA KAGEM KAKUNG LAN MAKNA SABEN BAGIAN

BUSANA ADAT JAWA KAGEM KAKUNG
DAN MAKNANYA




Assalamualaikum.

A. Busana Adat Kagem Kakung

         1. Udheng utawa blangkon


A. Pangertosan
           Udheng basa ngokonipun iket utawi dipun sebat blangkon menawi sampon dados kantun hangagem dasa basa kramanipun dhestar, yaiku arupi panganggen ingkang di punagem kangge nutupi sirah. Lumrahe digawe saka kain bathik wujud pesagi, banjur dilempit katata kawangun kanthi njlimet supaya rerenggane (hiasan) kiwa lan tengen padha, banjur dijait miturut ukuran sirah. Nanging saiki wis akeh didol ing toko-toko udheng kang wis dadi kari milih miturut ukuran lan cakrike.

B. Makna
            Supaya menungso iku sayogyane duweni pikiran kang kenceng, ora gampang goyah, mung amerga situasi utawa kahanan kang ora ndukung.

            2. Klambi utawa rasukan
  • Atellah


Ingkang dipun wastani Atellah makaten, awujud jas tutup.  Dados wiwit gulonipun, ing tengah katutup dumugi sak pangandhap.  Kancingipun wonten tengah-tengah wiwit sak ngandhaping Jangga sak pangandhap, limrahipun wonten 5 kancing utawi benik.  Dene sisih wingking sak ngandhap pengkeran dipun krowok, kangge ngetingalaken nyengkelit dhuwung.
  • Beskap


Beskap makaten wujud jas, gulonipun tutup kanthi kancing ing sisih tengah.  Dene kapernah jaja (dhadha) sak pangandhap katutup mawi tangkepan mangiwa, miring mangandhap.  Kancingipun kiwa sak pangandhap wonten tiga.  Dene sisih tengen jaja dipun pasangi kancing (benik) ugi cacah kalih mapanipun sami kaliyan kancing ing kiwa, minongka pasren.  Kadosdene atellah, ing wingking sak pangandhap pengkeran dipun krowok, kangge nyengkelit dhuwung.
  • Beskap landhung

Beskap landhung punika wangunipun sami kaliyan beskap limrah, namung badanipun langkung panjang kados dene jas limrah.  Samanten ugi wingkingipun mboten dipun krowok, kajawi beskap landhung ugi wonten wangun atellah landhung.
Kajawi menika taksih wonten rerangkenipun ageman kasebat ing nginggil inggih punika ingkang dipunwastani”Kemejan” inggih punika rangkepaning gulon saha rangkepaning pucukan lengen, awujud kain pethak ingkang kajahit rangkep wiyaripun kirang langkung 5 Cm.  panjangipun kaukur sami kaliyan ubengipun gulon saha pucukan lengen.

           3. Setagen
 

A. Pangertosan
      Setagen punika arupi pirantos kangge nyingseti utawi ngencengaken tumempelipun sinjang wonten badan, supados sampun ngantos mlorod temahan udhar.  Setagen bakalanipun kadamel saking kain tenun kandel, benangipun tenun agal, mila radi kaken.  Wiyaripun setagen watawis 2 – 4 M.  ulesipun warni-warni, wonten ingkang cemeng, ijem, pethak, naming sadaya wau mboten wigatos, jalaran mangenipun setagen punika badhe katutup kaliyan sabuk, wonten nglebet dados mboten ketingal saking njawi.
B. Makna
           Nata awak supaya tegap lan santun anggone unggah ungguh, supaya dadi wong iku kudu tegap lan santun unggah-ungguhe.

               4. Sinjang utawa jarik


A. Pangertosan
     Sinjang basanipun ngoko Jarik utawi Jarit lan Sewek (jawi wetan), kramanipun inggil “Nyamping’.  Inggih punika arupi kain bathik ingkang dipun agem kanthi ka-ubedaken ing badan nutupi jaja sak pangandhap, dene watesipun suku ing nginggil polok.
Kain bathik ingkang ka-agem nyampingan utawi sinjang kalawau, saestu arupin wohing pangolah budi para leluhur linangkung run tumurun wiwit jaman kina makina.  Kajawi cakrik ingkang rawit (njlimet) lan nengsemaken ugi caanipun ndamel igu rungsit kagarap kanthi njlimet, sabar , telaten, sarta nglampahi pinten-pinten tataran.
B. Makna
       Supaya menungso ora gampang serik karo wong liya. Yen ana perkara dirampungake kanthi cara apik lan ora grusa-grusu. 

              5. Sabuk


A. Pangertosan
        Sabuk punika ageman ingkang dipun angge nutupi setagen.  Dados manawi sinjang sampun dipun singseti, lajeng dipun sinseti malih mawi sabuk, supados setagen mboten ketingal.  Dados kadosdene pasren.  Kajawi punika sabuk mangkenipun ugi badhe dipun angge nyengkelitaken dhuwung ing sisih wingking.  Dados rehdene ageman rasukan ing wingking krowok, pramila ingkang ketingal sanes sinjang utawi setagenipun, ingkang ugi minongka kangge nyengkelitipun dhuwung.
B. Makna
        Kudu biso tekun makarya supaya bisa memenuhi kebutuhan uripe. Mulane menungso kudu ubed supaya ora kerja tanpa kasil. 

              6. Epek, timang lan lerep




A. Pangertosan
          Ingkang dipun wastani Epek menika awujud setut ingkang kadamel saking bakalan kain bludru, wiyaripun watawis 5 CM, dene panjangipun watawis 120 – 150 CM.  kajawi saking bludru epek ugi wonten ingkang kadamel saking bubatipun kapal (rambut jaran), rambut punapa dene surinipun.  Bongkotipun epek dipun pasangi “Timang” utawi Gesper ingkang dipun angge nyandhet ubetipun epek, sarta “Lerep” ingkang kangge nlesepaken tirahaning epek supados mboten kumlewer.
Timang (Gesper) sarta lerep, limrahipun kadamel saking “kuningan” kanthi rinengga ukiran.  Malah kepara ukiranipun wonten ingkang dipun tretes inten, barliyan, menapa dene selamaya.
B. Makna
          Epek : supaya bisa kerja kanthi sae, kudu epek (apek, golek, mencari) ilmu kang duweni manfaat. Yen luru ilmu kudu taberi, titis, saengga bisa mahami kanthi jelas. Timang : ilmu kan dientukake kudu dipahami kanthi jelas lan ora ana rasa samang. 

              7. Keris utawa dhuwung


A. Pangertosan
       Dhuwung, basanipun ngoko keris, krama inggilipun wangkingan arupi wujud sanjata tumrap tiyang Jawi ingkang sanget adi luhung.  Kawastanan adiluhung amarji sak donya mboten wonten tandhingipun. Wiwit saking padamelanipun ingkang rungsit, rawit, kanthi telaten, sabar sarta eneping manah.
B. Makna
Anggone nyembah tuhan, menungso kudu bisa ngungkurake godhaning  setan kang ganggu menungso naliko arep nindakake kabecikan. 

8. Canela


A. Pangertosan
           Selop utawa sandal kang duweni arti canthelna jroning nala utawa cekelan sing kuwat sajroning atimu . Canela padha karo selop utawa sandhal. Canela dienggo neng sikil supoyo ben awake dhewe nyembah lan batin mung ning sikil-Nya. 
B. Makna
          Yen nyembah gusti allah kudu saka lahir kanthi batin, pasrah ing jero ati marang kuasaning gusti Allah. 

MATUR NUWUN
MBOG MENAWI WONTEN LEPAT, NYUWUN AGUNGING SAMUDRA PANGAKSAMI 😊

4 komentar:

  1. How to Make Money From Betting on Football - Work-to-Earn
    How to make money by betting on football · febcasino Betting on Football | Sports | How To Make Money · How To Make Money on septcasino College Football · How to Make Money on College หาเงินออนไลน์

    BalasHapus